UDAN POLITIK

nalikaning titi wanci wayah udan

UDAN POLITIK

UDAN POLITIK
(sinambi kalane nganggur)

Oleh : Mbah Atmo Kulonkali

Wingi awan udan deres, swarane kadya grujugan pitung tataran. Udan ing mangsa kasa, batinku. Karo lungguh mangu-mangu tak coba nyawang tetesing banyu udan seko jendela, nanging katon ora cetha amarga ciprate tritis emperan gedung kantor nelesi kaca jendela. Swara gembrujuge banyu udan jelas nandake menawa udane ora cilik. Gede tenan. Sanajan aku ora bisa ndeleng gedhene udan, nanging aku bisa ngira-ira seka swara kemrosak kaya omah kang dikrutugi krikil. Bedane udan karo kahanan politik, menawa udan rame neng njaba adem ayem neng njero, sautara menawa politik kisruh neng njero adem ayem neng njaba.
       Muga-muga udan gede iki dadi berkah marang tetuwuhan kang sawetara wektu ngampet ngelak merga puputane mangsa rendheng. Semana uga Pamilu, muga bisa murakabi marang umat.
       Wayah sore watara jam papat, mak rep... udane mendha. Gage anggonku nyetater motor lan metu seka parkiran kantor, nuju mulih. Udane wis terang tenan. Dalan aspal teles lan saperangan liyane okeh sik ngembeng banyu. Gas varioku tak untir rada jero, ora wedi mbrebed amarga wis nganggo sisten injeksi keluaran terbaru. Playune motorku nlusup antarane mobil-mobil. Persis kaya tim sukses sik agi bar oleh amunisi. Anggonku numpak motor karepe banter nanging dalan kang mbembeng banyu, uga tikungan kang katon lunyu, nambahi anggonku ngegas lan ngerem tetep waspada. Banyu mbembeng kaya dene money politik lan lunyune dalan persis kaya KPK kang lagi nyanggong. Kepara antarane gas lan rem maju bebarengan. Iku udu bab kang mokal, awit antarane gas lan rem kui nggambarake kahanan ati. Yaiku kaya atine para elit politik kang kebak kontradiksi.
      Tumuju ono ing tanjakan rada dhuwur, katon rame kendaraan kang padha iring-iringan. Dumadakan ana salah sawijine vario 125 kang nyalip. Mak wuss... anggone nyalip tanpa ngedim, apa meneh ngebel. Masalah nyalip tanpa tata krama mono wis dadi jamak lumrahe jaman sak iki, opo meneh nek wis nyedaki Pemilu ngene iki. Rasah gumun. Vario 125 mau anggone nyalip ora peduli seko ngarep katon ana kendaraan kol buntungan uga banter playune. Nanging syukur ora kedaden kacilakan. Vario 125 mau wis kepepet antarane kol buntungan karo sepeda motor liyane,  nanging isih bisa enda.  Atiku rada panas, tak uyak vario 125 mau. Katone sik numpak rada urung trampil, mulane kui anggonku nguyak ora patia kangelan. Tak kinthil, aku neng mburine vario 125 mau, watara 20-an meter jarake. Ora tak salip ning yo ora tak dohi. Mung njajal tekan ngendi ketrampilane  nyepeda motor. Owh..... kesimpulanku pancen kayane wong agi bisa numpak sepeda motor, mulane aku yo maklum yen kelakuane kaya mengkono. Kaya wong lagi wae melek tata negara, mbahas masalah politik.
    Helm fullface lan jaket ireng penganggone, dadi angel anggonku ngenali sapa wonge sik numpak vario 125 kui. Nanging wis dadi ora penting, sik penting aku wis bisa ngukur wawasane nyepeda motor.(mo)

What's Your Reaction?

like
0
dislike
0
love
0
funny
1
angry
0
sad
0
wow
0